tahun baru 2018
KEGIATAN TAHUN BARU
Hai gan ketemu maning karo aku. neng kenen aku pan mbahas tentang kegiatan apa sing biasane dilakokna uwong-uwong. neng kene, aku mbahas tenteng tipe-tipe wong nyambut tahun baru. Langsung bae!ala jomblo
kakehen jomblo angger tahun baru ndonga endah udan. tujuane, endah uwong-uwong sing pacaran, mojok neng alun-alun kue bubar:v
ana juga jomblo sing kur neng umah, nonton film nganggo laptop. ngopi dewekan neng umah. ngalong nggo nganggo kuota midnight. ana juga sing metu nggo kumpul karo kanca seperjombloane. :V
ala maksiat
nah, tipe kie yaiku tipe uwong sing wis due pacar. biasane pasangan-pasangan kie malam tahun barunan diisi karo mlaku-mlaku. maring alun-alun, mall, bioskop. tujuane ya siji m o d u s. tapi dari sing aaku deleng pasangan kie paling akeh mlaku-mlaku maring alun-alun. tuku mercon, njagong neng pojokan, karo ngenteni pergantian tahun.
ala barat
yaiku kegiatan barbeque-nan biasane sing nglakukna kegiatan kie, uwong-uwong sing seneng kumpul-kumpul. biasane uwong-uwong kue ngumpul neng salah satu umah, terus bakar-bakaran, dudu mbakar umah tapi yo. biasane mbakar sosis, jagung, nganti iwak. kegiatan kie seru nemen. selain silaturahmi, dewwek bisa ngrasakna suasana tahun baru bareng uwong-uwong tersayang.
ala alim
wong alim juga butuh tahun barunan. tapi cara nyambute beda, kadang kie tadarusan, dzikir njaluk maring ridho Allah neng tahun kang anyar. uwong-uwong kie biasane ustad, ustadzah, bocah pesantren.
ala kpopers
nah kie, cara kpopers nyambut tahun baru tak lain tak bukan adalah ngalong go ngeponi bias. ana juga sing marathon drama korea 1 judul. kaadang juga wong sing insom nganti 3 judul. nggo kpopers kuota nggo malam tahun baru kue sangat penting:v
wislah semono bae aku ne kesel.
oiya, cek :
wattpad @alyashx
annyeong!
Komentar
Posting Komentar