semangat 45


Karena wingi Indonesia kas ulang tahun sing ke 72, nang kene nyong pan mbahas lomba-lomba Agustusan sing nyentrik,unik lan biasa bae


LOMBA LOMBA AGUSTUSAN
Tegalan ver. 

1. mangan krupuk 

lomba kie termasuk lomba sing paling mainstream angger lagi agustusan. sing melu kie lomba kweh bisa sapa bae jon... ana bocah cilik, abg, emak-emak nganti mbahe koen ya ora papa lah, sing menting mangan krupuke oh ya :v. ben ora mainstream, koen pas mangan krupu nggawa sega karo kecap eben wareg ora mung mangan krupuke tok kan berfaedah:v.



2. balapan karung

lomba kie jare nyong pancen ribet. soale yen pan mlayu ya mlayu. ora usah nganggo karung segala. ngrengsangi tok, dadine koen ora bisa mlayu malah loncat-loncat kaya pocong. jare nyong, yen koen pan lomba keh nganggo helm eben yen tiba ndase koen ora bundas :v.



3. nggawa neker nganggo sendok

lomba kie biasane sing melu bocah-bocah cilik, lomba kie bener-bener wis mainstream nemen angger ana 17an. sarane nyong, nggawa nekere karo kayang ben madan keren ngonong lah:v. angger ora, nekere diganti bal voli, insyaallah cangkeme koen bengor:v.

4. manjingna pake/pensil maring botol

jare nyong kie lomba keh kudu mbutuhna kesabaran sing ekstra. soale pakune njelei kaya doi sing ora peka:v. njaluk di gapruk emang, tapi ya serune nang kono, greget:v

5. tarik tambang

lomba kie sing jare nyong paling seru, paling nghh. nggo koen sing senenge narik ulur doi, mending melu lomba tarik tambang, soale yen loba kie ora nyakiti wong liya:v

6. nangkep belut

lomba kie biasane sing melu secuil, soale biasane uwong-uwong pada jijiq maring belut. licin, dingin kaya doi:v biasane sing melu 2 uwong, estafet. tapi pendapate nyong, lomba kie ora usah dianakna, soale melasi belute klenger kue pada bae nyiksa, ngko koen manjing neraka lan dilaknatullah.


7. lomba pentung banyu

biasane tpngkat sing dianggo neng lomba kie keh  saka wit pisang sing neng mv awkarin badass. yen ora ngerti yawis . kan matane koen ditutup kanggo kain. yen misale pan katon keren, nganggone topeng bae. sing keren lah topenge. kan ana bentuk ultramen, kamen rider, karo power rangers. 


Cukup semene bae bahasan kie nantikan blog blog saya selanjutnya

Komentar